Pages

Jumat, 10 April 2015

Geguritan

Ing jroning mangsa ketiga
Kathah kali katelasan toya
Wit suket nganti klapa
Pada garing katrajang surya

Para warga banjur makarya
Kadang wredha lan taruna
Bebarengan pada mbangun
Mbangun dalan kangge ngalirke toya

Wektu taksih gagat rahina
Nanging kabeh warga sampun miwiti
Miwiti anggenipun makarya
Pada makarya mbangun dalan toya
Supaya para warga bisa makmur

Kabeh pakaryan datan karasa
Amarga ditindakake bareng lan kanca
Warga datan nggresula
Amarga ingkang ditindakake menika
Kanggo karaharjanipun warga